Bedhaya Ketawang

Administrator - Selasa, 07 Juli 2026 21:49 WIB
Ist
halomedan.com -Bedhaya Ketawang1. MijilAngumandhang dumugi wiyati,Hari Slasa Kliwon, Godhong angin meneng anteng kabeh, Bedhaya Ketawang merbawani, Mangka beksan suci, Praja dadya makmur.2. AsmarandannaJeng Ratu Kencanasari, Tedhak Kraton Surakarta, Ndherek mbeksa nabuh nyindhen, Jroning sasana sewaka, Puja puji kekidungan, Sakeh hama musna lunga, Tanah gersang malih subur, Daya Bedhaya Ketawang.3. PangkurAbdi dalem ngalap berkah,Lenggah sila mireng suwara langit,Mbrengengeng pujaning kidung, Gamelan lokananta, Ganda arum uba rempe angerurum, Kondhang Bedhaya Ketawang, Bangsal paningrat maligi.4. KinanthiPangastuti saking panggung, Sangga Buwana mas ing ngasepi, Sinuwun manungku kayun, Pepoyan kautaman, Inggil agung misungsung padesan gunung, Tumuruning karaharjan, Panguripan wong sakbumi.5. MegatruhUnggul pinunjul Ratu Segara Kidul, Ngereh dhasar jalanidhi, Kaswasih raja Matarum, Pinuju Anggara Kasih, Rinengga jroning kedhaton.6. DurmaPanembahan Senapati Ngeksiganda, Narendra gung Mentawis, Sakti mandraguna,Bestari wicaksana, Walas asik kawula dasih, Beksan Bedhaya, Pralampita inganggit.7. PucungSaka Dhomas Bale Kencana pinatut, Ing dhasar samudra, Dhatulaya Hadisari, Sung prebawa narendra gung Surakarta.8. GambuhUger muncul thukul, Tandur subur rumambat sempulur, Ambawani Bedhaya Ketawang yekti, Gedruk sampar seblak sampur, Kanugrahan sru gumrojog.9. Mas KumambangWiwit enjing peksi ngoceh weh pepeling, Sasmita ajar kawedhar, Bedhaya Ketawang mardi, Pangreksaning tanah Jawa.10. SinomWanci siyang katon padhang,Sawo kecik sarwa becik, Jajar jajar trang sumunar, Dodot sanggul sampur kuning, Abdi dalem makarti, Kenong kempul mangungkung, Kendhang kethuk kemanak, Cakepan pesindhen aris, Wicara wiraga wirama wirasa.11. DhandhanggulaMandhegani Ratu Wandhansari, Waranggana wiyaga Bedhaya, Solah gendhing bawa sae, Tabuhan sengkut urut, Sekar wangi warna sesaji,Rasamala angganda, Gaharu ingambu, Cipta waskitha sembada, Mahanani awas emut lenging kapti, Karaton Surakarta. Selasa Kliwon, 7 Juli 2026.Purwadi

Sumber
:

Tag:

Berita Terkait