Daya Linuwih Tanah Pengging1. PangkurSri Makurung
Dayaningrat, Putra mantu narendra Majapahit, Kanjeng Ratu Sri Pembayun, Atmaja Brawijaya, Trah ngaluhur nyata Bupati misuwur, Dhasar brayat kalokeng rat, Ngarang ngiring bumi Pengging. 2. KinanthiKusuma Wicitra Prabu, Jaya Aminata aji, Turune nata Jenggala, Jaya Purusa narpati, Wusnya mangun palakrama, Sesanti Daha Kediri.3. AsmarandanaCitra Kusuma ing Pengging, Winisuda kanarendran, Angling Kusuma trus gedhe, Nuli Prabu Angling Darma, Lajeng Prabu Angling Driya, Handayaningrat Makurung, Bebet bibit tanah Jawa.4. MijilSri Ratu Pembayun kadang alit, Bathara Akatong, Adipati Ponorogo kiye, Nggulawenthah bakti raja putri, Nami Sri Windari, Warna ayem ayu.5. GambuhSri Windari bangun turut, Atut runtut urut sarwa patut, Garwa Kebo Kenanga wus murakabi, Handayaningrat Pembayun, Jakarta Tingkir sigra miyos.6. PucungAmiluhur Kebo Kanigara mancur, Kasultanan Pajang, Pakar pikir Jaka Tingkir, Gya ngumbaraMomong turasing narendra.7. DurmaDemak Pajang Kartasura Surakarta, Sambungan darah Pengging, Panjalu Jenggala, Medang lan Kahuripan, Singosari lan Majapahit, Bajanegara,Praja Malawapati.8. Mas KumambangTatas titis papan pujangga winasis, Ki Ageng Yasadipura, Ranggawarsita winarni, Tanah Pengging sung pepeling.9. MegatruhSerat Rama Dewaruci Sanasunu, Wulangreh Panji Centhini, Warni warni sumber kawruh, Wulang wuruk becik apik, Garapan Pengging rinaos.10. SinomBening balumbang patirtan, Gumricik ilining warih, Mubal umbul Pengging Cakra, Ngocori tegalan sabin,Ngarah arih kapurih, Gunung Merapi Merbabu, Pamuji kapitayan, Srana mahas ing ngasepi, Suka bagya tanah Jawa tata harja.11. DhandhanggulaTapa brata sarta mesu budi, Ngupakara wejangan wedharan, Ing Pengging kang wus sumare, Kungkum wancine dalu, Mawas dhiri cipta pribadi, Ngalap trahing kusuma, Rumembesing madu, Kuat drajat pangkat semat, Gya pinanggih bandha bandhu sugih luwih, Pengging paring perbawa. Setu Paing, 4 Juli 2026.Purwadi