Purna Wiyata Siswa Pambiwara

Administrator - Sabtu, 30 Mei 2026 12:19 WIB
Ist
halomedan.com -Purna Wiyata Siswa Pambiwara 1.DhandhanggulaPurna wiyata pra siswa siswi, Kraton Surakarta Hadiningrat, Wanci tabuh pitu sore, Babaran papat telu, Rasa sembah legawaning dwi,Mangka tahun sengkalan, Mei telu likur, Rong ewu nem kalampahan, Sampun prapti kawisuda tata gati, Sumorot kang perbawa.2.PangkurReriptan tari bedhaya, Murwakani tata cara pamardi, Kagunan wusnya sinebut, Wireng Lintang Sesinggah, Mawi petung edi peni adi luhung, Raditya Lintang Sasangka, Laras ciptaning penggalih.3.Pucung Jeng Sinuwun Paku Buwana mangayun, Kaping Kawan Welas, Sarta Ratu Wandansari,Sung sesorah pawiyatan tambah berkah.4.DurmaWinisuda ing bale Semarakata, Busana jangkep Jawi, Jumbuh paugeran, Miturut pamulangan, Parang paring rinengga bening, Sana Pustaka, Pra sarjana winasis.5.MijilWireng Lintang Sesinggah winardi, Momong momong momot, Dirga yuswa guna kaya sae, Sang pangripta seket sanga warsi, Karya darma bakti, Sumunar sesuluh.6.GambuhPambiwara lumaku, Ngelmu laku katuju tinemu, Olah pikir kawignyan reriptan kampir, Gladhen gedhen wus tinamtu, Mangka sanggar pasinaon.7.AsmarandanaCahya terang anelahi, Tumrap siswa kawisuda, Piindha sekar rinonce, Ganda arum trus mangambar, Mlathi kenanga sumebar, Luhur mujur gya sumawur, Sanggar ageng pambiwara.8.KinanthiJajar jejer bareng maju, Jawat asta pangastuti, Asung pambagya raharja, Paripurna nggennya ngesti, Kembang sari kabudayan, Tuking becik wohing apik.9.MegatruhAyun ayun kagunan gawe kayungyun, Endah edi milangeni, Winarah pujangga agung, Pana pranawa ing kapti, Sumber budaya karaton.10.SinomSagung siswa pambiwara, Amrih bisa laris manis, Gancar lancaring pakaryan, Tanggapan ing pundi pundi, Rejeki mbanyu mili, Gumuyu karana payu, Kajen kopen minulya, Mrika mriki sarwa bathi, Kawibawan kawidadan kaluhuran. 11.MaskumambangTatas titis winasis ing samukawis, Pasinaon pambiwara, Kraton Surakarta yekti, Siswa sanggar rum kawentar. Karaton Surakarta Hadiningrat, Purwadi

Sumber
:

Tag:

Berita Terkait

Wisata

Sultan Agungan Imogiri

Wisata

Pajimatan Sultan Agungan Imogiri

Wisata

Ratu Shima Raja Kalingga