Hikayat Istana Maimun

Administrator - Sabtu, 16 Mei 2026 11:00 WIB
Hikayat Istana Maimun1.GambuhIng istana Maimun, Wanci esuk umun umun gumun, Kutha Medan nyata asri edi peni, Kagunan kang adi luhung, Merti sejarah kelakon. 2.Pucung Murih hayu memayu adat Melayu, Abadi yuwana, Bisa basuki lestari, Kabudayan kapribaden nusantara. 3.MegatruhKang dhumawuh kadang mitra para rawuh, Becik pinarak rumiyin, Kersa lenggah dhahar ngunjuk, Wigatine mampir kantin, Eca sekeca miraos. 4.KinanthiRerembugan unggul mumbul, Hikayat ing pantun syair, Ajaran tepa tuladha, Isine wewarah apik, Lamun siswa gelem maca. Seratan kitab klasik. 5.MijilIstana Maimun warna kuning, Kuncara kesohor, Palataran resik jembar gedhe, Lampu kencar bening, Rinengga winangun. 6.AsmaradanaAdat Melayu kawuri, Kejayaan Kasultanan, Deli Serdang agung rame, Laladan pulo Sumatra, Kinacek kajen keringan, Sugih ber bandha ber bandhu, Jamak antuk pakurmatan. 7.MaskumambangHarap mirip penesthi musium urip, Adat Melayu minulya, Warisan pikir winasis, Peradaban winisesa. 8.Durma Tegal sawah kebun pelabuhan tambah, Tinggalan pra narpati, Sultan Deli Serdang, Kawula pinaringan, Welas asih luhurung budi, Tata susila, Sambung srawung serasi. 9.PangkurDeli Serdang pancen kondhang, Langkat Siak Indrapura winanci, Bebeteng adat Melayu, Nusantara rinengga, Barang kawruh wedharan wejangan tangguh, Tanggap tanggon ing Asia, Amemetri jalanidhi. 10.SinomPelabuhan pelayaran, Ngelmu intim ing maritim, Kuwasa selat Malaka, Pelopor nyabrang bahari, Alun ombak jaladri, Lamaksita numpak prahu, Riau Kasultanan, Narendra gung mandhegani,Gita gita lampah telenging samudra. 11.DhandhanggulaSultan Deli sung tepa palupi, Tumrap sagung pangembating praja, Sabang nganti Merauke, Ing istana Maimun, Ilmu becik bisa katitik, Sangune pengabdian, Langgeng tatag tutug, Jangka jangkep genep genah,Tatas titis pertitis ing samukawis, Suwita nusa bangsa. Setu Pon, 16 Mei 2026.Purwadi

Sumber
:

Tag:

Berita Terkait