Amangkurat III Setono Gedong Kediri

Administrator - Senin, 13 Juli 2026 17:21 WIB
Purwadi.ist
halomedan.com - Amangkurat III Setono Gedong KediriPada hari Senin Legi, 13 Juli 2026 dilakukan kunjungan di Pajimatan Setono Gedong Kediri. Pisowanan untuk memuliakan Sunan Amangkurat III. Raja Mataram Kartasura ini keturunan langsung Prabu Jayabaya. Raja Amangkurat III memang sakti mandraguna. Suka menjalankan lara lapa tapa brata. Meditasi di tempat sepi. Kerap mahas ing madyane wana gung liwang luwung. Sunan Amangkurat Mas KediriRaja Mataram Kartasura bernama Sunan Amangkurat Mas. Memerintah tahun 1703 - 1708. Narenndra gung binathara mbahu dhendha nyakrawati. Raja bijak bestari, berbudi luhur, murah ramah, welas asih. Seluruh rakyat merasa mendapat pengayoman. Ibunda Sri Susuhunan Amangkurat Mas atau Amangkurat III bernama Ratu Mas Candra Kirana. Putri Tumenggung Purbonagoro Bupati Kediri. Garwa prameswari Sunan Amangkurat Amral atau Amangkurat II yang memerintah Mataram Kartasura tahun 1677 - 1703. Ratu Mas Candra Kirana masih keturunan Prabu Jayabaya, narendra waskitha ngerti sakdurunge winarah. Pernikahan Amangkurat Mas dengan Ratu Kencana Lembah atau Ratu Banyumanik lahir Kanjeng Ratu Bangsri. Setelah dewasa Ratu Bangsri menikah dengan Pangeran Purbaya Bupati Lamongan. Lahir Ratu Mas Lamong. Nanti menjadi garwa prameswari Sunan Paku Buwana II, raja Mataram tahun 1726 - 1749. Tanggal 20 Pebruari 1745 boyong kedhaton. Dari Kartasura ke Surakarta. Trah Jenggala Daha Majapahit Singasari dan Kahuripan bertemu pada diri Sri Susuhunan Amangkurat Mas. Pajimatan Setono Gedong Kediri pepundhen Karaton Surakarta Hadiningrat. Sunan Amangkurat III berjasa besar pada bangsa dan negara. Cita cita besar digambarkan dalam kitab babad.warta bangun bangsaAmangkurat Mas III KediriMei 25, 2026 Amangkurat Mas III Kediri1.DhandhanggulaAmangkurat Sunan Mas Kediri, Narendra Mataram Kartasura, Sepi pamrih rame gawe, Santun guyub rukun, Welas asih kawula dasih, Miraga tur micara, Mirasa misuwur, Muna muni solah bawa, Merak ati karya sengseme sesami, Tata krama prasaja. 2.PangkurAmangkurat Mas kaloka, Asal usul saking kraton Kediri, Daha Jenggala leluhur, Majapahit Koripan,Medhang Arum Demak Pajang sadarum, Cirebon Banten Pasundan, Tedhak turun Singasari. 3.AsmarandanaLeluhur Mangkurat Kediri, Hayamwuruk Brawijaya, Majapahit kedhatone,Tohjoyo Kertanegara, Singosari kalokengrat, Raja Darmawangsa Teguh, Airlangga Kahuripan.4.MegatruhWulang wuruk dadi dhasar tindak tanduk, Amangkurat Mas Kediri, Empu Sedah lan Panuluh,Kameswara Raden Panji, Jangka Jayabaya maos. 5.DurmaEmpu Kanwa yasa Arjuna Wiwaha,Empu Tantular nganggit,Kitab Sutasoma, Negara Kertagama,Prapanca Empu Majapahit, Ujar kawedhar, Amangkurat Kediri. 6.SinomWali Sanga Tanah Jawa, Molana Malik Ibrahim, Sunan Ampel Sunan Bonang, Sunan Drajad Sunan Giri, Lan Sunan Gunung Jati, Sunan Murya Sunan Kudus, Jeng Sunan Kalijaga,Ndherek Mangkurat Kediri, Ngestu pada Mataram manggih yuwana. 7.GambuhAmangkurat manekung, Tapa brata aneng puncak gunung,Gunung ijen gunung Raung gunung Wilis, Gunung Dhiyeng Gunung Lawu, Gunung Cerme gunung Klothok. 8.PucungLuru ilmu Amangkurat gya meguru, Ing negri Eropa, Bagdad Turki Arab Mesir, Nepal China Ngerum Hindustan Srilangka.9.MijilAmangkurat Tri sambung negeri,Tamasek ing Johor, Deli Serdang Langkat Siak Pase, Ternate Tidore Buton Bugis, Banjar Bima Bali, Riau Melayu. 10.MaskumambangAmangkurat maca Raja Ali Haji, Hamzah Pansuri Sumatra, Hang Tuah pangarsi,Hikayat tanah Malaya. 11.KinanthiTurun rembesing madu, Amangkurat Mas Kediri, Wijining amara tapa, Tedhaking andana warih, Trahing kusuma sudibya,Setono Gedhong nekseni.SUNAN SETONO GEDONG1.SinomAmangkurat Mas Jenggala, Jejuluk Mangkurat Katri, Amangkurat Kartasura, Mbahu dhendha nyakrawati, Amangkurat Mas Kediri, Waskitha kuncara arum, Budi bawa laksana, Paramarta ambeg adil, Ing Mataram narendra gung sung pangeram.2.PangkurKang ibu Candrakirana, Purbanagara adipati Kediri, Paring catur warah luhur, Amangkurat winedhar, Ngelmu laku bahu suku lan panemu, Sangu ngereh tata praja, Mangka narendra Mentawis. 3.MijilMejang adipati Surabangi, Ing Penanggungan lor, Daha Jenggala tedhak turune, Medhang Kahuripan Singasari, Kraton Majapahit, Mangkurat mituhu. 4.KinanthiCandrakirana rahayu, Garwa agung prameswari, Sunan Amangkurat Amral, Putri Bupati Kediri,Peputra Mangkurat Daha, Widada suka lestari. 5.PucungWus andulu baraya rembesing madu, Amangkurat Daha, Trah kusuma ing Kediri, Sung tuladha jalma limpat marcapada.TRAH JENGGOLO DOHO1.DhandhanggulaKanjeng Purbonegoro Dipati, Peputra Ratu Candrakirana, Lenggah siniwaka jejer, Mangka garwa Sinuwun, Amangkurat ing Surabangi, Atma Gusti Sutikna, Nglintir prabon luhur, Sunan Amangkurat Emas, Ing Kediri Sentono Gedhong lestari, Tedhak Daha Jenggala. 2.Mijil Sunan Amangkurat Mas Kediri, Kuncara sang katong, Kagungan karaton gedhe rame, Kartasura Mataram pinilih, Kinasih ing dasih, Agrom angrembuyung. 3.KinanthiRaja trahing ratu agung, Amangkurat Mas Kediri, Jayabaya wicaksana, Waskitha alusing budi, Kameswara bagus warna, Tedhak turun Raden Panji. 4.PangkurKanjeng Sunan Amangkurat, Ingkang katri Sentono Gedhong peni, Tapa brata gunung Kelud, Ngeli ing kali Brantas, Wilis Lawu Kendheng Merbabu Semeru, Jenggala Daha Koripan,Majapahit Singasari. 5.GambuhRaden Sutikna dhaup, Wus angaup Lembah Manah guyub, Amangkurat Sentono Gedhong Kediri, Ratu Kencana misungsung,Kasekten ing gunung Klothok.6.PucungPapanipun Raden Panji Marabangun, Putra ing Jenggala, Kertapati Sekartaji, Wus anulat lekase Sri Amangkurat. 7.MegatruhSung sesuluh Empu Sedah lan Panuluh,Pujangga kraton Kediri, Waosan tumraping ratu,Sangu teranging pengalih, Amangkurat Mas Kediri. 8.AsmarandanaSentono Gedhong Kediri, Dadya papan pajimatan, Amangkurat Mas pepundhen, Narendra gung ing Mataram, Kartasura Surakarta, Nak tumanak run tumurun, Saindhenging tanah Jawa.RATU MAS CANDRAKIRANA KEDIRI1.DhandhanggulaWinursita Kanjeng Ratu Bangsri, Asma timur jeng Siti Rubingah, Parab Raden Ajeng Jene,Lembah Manah kang ibu, Garwa Amangkurat Kediri, Mataram Kartasura, Wanita pinunjul, Garwa Bupati Lamongan, Adipati Purbaya dhawuh marsudi, Keputren tata praja. Lembah Manah Ratu Banyumanik, Atma Pangeran Puger Semarang, Trah kusuma luhur gedhe, Ratu Blitar Madiun, Ratu Bangsri ndherek sumiwi, Duk Mangkurat tri seda,Ingkang ibu surut, Momong Ratu Mas Balitar, Sung Wewarah Siti Rubingah winardi, Sekaring dhatulaya. 2.MijilPalakrama Kanjeng Ratu Bangsri, Adipati Lamong, Pangeran Purbaya Pesisir Ler, Bandar Tanjungperak minyak bumi, Garam kecap trasi, Dugi Tegalarum. Kersa dalem Amangkurat Jawi, Putra pati miyos, Kanjeng Prabasuyasa lir rante, Ratu Mas Lamongan nyaranani,Paku Buwana dwi, Prameswari Ratu. 3.KinanthiRatu Bangsri amituhu, Leluhur tlatah Kediri, Bupati Purbanegara, Candrakirana kang putri, Garwa Amangkurat Amral, Raden Sutikno sesiwi.Ratu Lembah Manah dhaup,Kondhang Ratu Banyumanik, Garwa Amangkurat Emas, Apeputra Ratu Bangsri, Garwa Pangeran Purbaya, Ratu Mas Sinuwun ping dwi. 4.GambuhSuka sukur mring leluhur, Ratu Bangsri midhanget ing atur, Jayabaya narendra gung ing Kediri, Waskitha sabarang kawruh, Dadya pandam pandum pandom. Jroning kakawin kidung,Kraton Daha Jenggala Panjalu, Kahuripan Singosari Majapahit, Demak Pajang lan Mentarum,Ratu Bangsri purun maos. 5.MaskumambangRatu Bangsri tedhak turune Kediri, Setono Gedhong kinucap, Tedhak turun adipati, Sarjana ulama Brantas. Sekartaji Candrakirana Kediri, Tulungagung Nganjuk Blitar, Trenggalek wiji sejati, Kuwat drajat pangkat semat. 6.PucungWaris kawruh Empu Sedah lan Panuluh,Tantular Prapanca, Empu Kanwa Siwamurti, Trang terwaca Ratu Bangsri kersa maca. Para Empu tanah Jawa nyawur ngelmu, Pujangga Darmaja, Kameswara peling angling, Anut sabda Ratu Bangsri mrih yuwana. 7.PangkurTrahing Kraton Kahuripan, Singasari Jenggala ing Kediri, Majapahit lan Panjalu,Demak Pajang Mataram, Pra leluhur tanah Jawi wus misuwur, Ratu Bangsri bakti darma, Garwa Bupati Lamongan. 8.SinomSumungkem Siti Rubingah,Kawentar Jeng Ratu Bangsri, Garwa Pangeran Purbaya, Pangarsa tlatah pesisir, Atma Mangkurat katri, Tedhak turun para ratu,Ngejayeng tanah Jawa, Run tumurun nak tumanak,Rajadibya ambeg adil paramarta. Jayabaya Kameswara, Narendra kraton Kediri, Leluhur Mangkurat Emas, Kanjeng Ratu Ayu Bangsri, Jenggala Singasari, Kali Brantas gunung Kelud, Ratu Candrakirana, Purbanegara Dipati, Trah kusuma mbabar yuwana raharja. 9.MegatruhTanggon tangguh tekad wutuh budi ampuh, Kanjeng Ratu Ayu Bangsri, Nalar ginambar ginayuh, Permana laku pertitis, Kabeh panjangkah kelakon. Gunung Kelud kali Brantas sami lulut, Dhateng Kanjeng Ratu Bangsri, Anak yatim sung pitulung, Pangeran Purbaya Bupati, Kapanjing wahyu kedhaton. 10.AsmarandanaAmangkurat ing Kediri, Katelah Mangkurat Tiga, Tulungagung Blitar lan Trenggalek, Bupati Purbanegara, Ngembang Candrakirana, Amangkurat Amral Ratu, Ratu Bangsri ingembanan. Pesisir ler tanah Jawi, Kuneng Bupati Lamongan, Ratu Bangsri sigrak rame, Nggulawenthah ingkang putra, Garwa narendra Mataram, Suwita Sinuwun Kombul,Kartasura Surakarta.11.DurmaPalakrami jeng Purbaya ing Lamongan, Kaliyan Ratu Bangsri, Putri Amangkurat, Kartasura Diningrat, Darahe Karaton Kediri, Siwi Ratu Mas, Paku Buwana ping dwi. Pasok bulu bekti caos bandha arta, Hadeg jejeging nagri, Mbangun kutha praja, Kedhaton Surakarta, Ratu Bangsri tansah nyembadani, Wragat prabeya,Tatag tutug lestari. RATU KENCANA BANYUMANIK1.SinomGarwa Sunan Amangkurat, Kartasura ingkang katri, Pangeran Puger atmaja, Lembah Manah Banyumanik, Dhasar putri lunuwih, Ratu Balitar Madiun, Tedhak Rangga Jumena,Pangeran Timur Dipati, Trah Bintara Trenggana Patah kasusra. 2.MijilSindureja Patih alinuwih, Mulang muruk momong, Lembah Manah cerdhas tangkas moncer, Tata praja wawasan negari, Santana prajurit, Kawruh punjul unggul. 3.KinanthiNdherek Bupati Madiun, Lembah Manah amarsudi, Anenandur palawija, Bumbu pawon pedhes asin, Kehing ramban janganan,Sega pecel kembang turi. 4.AsmarandanaNgupakara emas picis, Lembah Manah ing Banyumas, Lenggah Kedhaton Pamase,Ajibarang Pancurendhang, Cilacap Wangon Majenang, Gandrung Mangun Bumiayu, Ratu Serayu Mangkurat. 5.PangkurSuwita trahing Kajoran, Pereng gunung Sindara Diyang Sumbing, Sakukuban tlatah Kedu, Wonosobo tumerah,Telamaya gunung Merapi Merbabu, Rawapening Kali Praga, Lembah Manah ajar warih.6.DhandhanggulaLembah Manah Ratu Prameswari, Kanjeng Gusti Raden Mas Sutikna, Kadang nak sanak pernahe,Jumeneng Jeng Sinuwun, Amangkurat ingkang kaping tri,Jejuluk Ratu Kencana, Kawan warsa surud,Akarya nawung duhkita, Sri narpati Mataram manjing suwargi,Sumare Kediri Daha. 7.GambuhPatutan putri ayu, Lembah Manah Mangkurat rahayu, Pinaringan nami Kanjeng Ratu Bangsri, Siti Rubingah ginarwa, Adipati saking Lamong. 8.PucungSunan Paku Buwana amomong putu, Putri Lembah Manah, Asma Raden Ajeng Bangsri,Ratu Blitar eyang putri wus kawentar. 9.DurmaLembah Manah sinebut Ratu Kencana, Wiyose Banyumanik, Wilayah Semarang, Pangeran Puger wisma, Ratu Blitar nyembadani, Paring wewarah, Garwa Mangkurat ping tri. 10.MegatruhSore esuk Lembah Manah nampi wuruk, Paku Buwana ping siji, Ratu Balitar Madiun, Jejering garwa narpati, Babagan sekar kedhaton. 11.MaskumambangRatu Blitar momong Kanjeng Ratu Bangsri, Anama Siti Rubingah, Garwa Pubaya Bupati, Asiwi Kanjeng Ratu Mas.AMANGKURAT DAHA JENGGALA 1.KinanthiMarsudi kitab leluhur, Pawiyatan Hadiluwih, Maos babad Ajisaka,Koripan Jenggala Manik, Mangkurat Ratu Kencana, Paring sabak dluwang tulis. 2.GambuhAnut ilining banyu, Tuking Brantas ing gunung Semeru, Empu Bradah duta Jenggala Kediri, Mangkurat kersa ambangun, Trah kusuma praba kinclong. 3.PangkurAmangkurat Mas Jenggala, Amemetri wejangan Kilisuci, Mapan pereng gunung Kelud, Erlangga Empu Kanwa,Triguna wruh Manoguna weh pituduh,Prapanca Empu Tantular, Singasari Majapahit.4.MijilAmangkurat Mas Jenggala sura sakti, Manjing wahyu dhaton,Sabar darana sareh pikoleh, Bagus aris kehing wulang wuruk wasis,Sugih welas asih, Sumeh sopan santun. 5.AsmarandanaMangkurat lan prameswari, Suka ngungak sampun tedhak, Mrican Kertasana Pare, Petilasan Brawijaya, Mahprabu Kertanegara, Jayakatwang Hayamwuruk, Tulungagung Jombang Blitar. 6.PucungAmangkurat Mas Jenggala kalokengrat, Trahing Kahuripan, Majapahit Singasari, Daha Pajang Demak Medhang sung pepadhang. 7.MaskumambangRaja agung binathara nyakrawati, Amangkurat ing Jenggala, Kinarya tepa palupi, Sagunging kawula Jawa.8.DhandhanggulaSidoarjo Porong Tanggulangin, Amangkurat kuncara ing jagat, Pirsa sumber lenga gedhe, Ubaling muncar mancur, Singosari sampun angesthi, Leluhur Kahuripan, Panjalu ing Cepu, Grobogan Bojonegara, Blora Ngawi Tuban Rembang Gresik Pati, Piyak ilining minyak.9.SinomBumiayu Ajibarang, Sunan Amangkurat Katri, Panambangan kencana mas, Guna kaya sugih singgih, Arta daya pinanggih, Winastanan subur makmur,Gagah endah sumagah, Susuhunan Sri Kediri, Kartasura tata tentrem karta harja. 10.DurmaJangkah langkah ngarah tumuju Eropah, Sutikno ngudi ngelmi, Cambridge wiyata, Isaz Newton memitran, Jerman Inggris Roma Perancis, Sri Amangkurat, Narendra titis wasis. 11.MaskumambangMulya mukti Amangkurat Sri Kediri, Narendra gung binathara, Mbahu dhendha nyakrawati, Ber budi bawa laksana. Kraton Kediri darahnya mengalir ke tubuh Sunan Amangkurat III. Karena sumare di Setono Gedong Kediri, maka mendapat julukan Sunan Amangkurat Setono Gedong Kediri. Berhubung kaya raya akan perhiasan emas, maka mendapat gelar Sunan Amangkurat Mas. Nama yang harum wangi sumerbak. Senin Legi, 13 Juli 2026.Purwadi, Universitas Negeri Yogyakarta

Sumber
:

Tag:

Berita Terkait

Umum

Lancaran Wiendu Nuryanti

Umum

Handayaningrat Bupati Pengging Sakti Mandraguna

Umum

Prajurit Ratu Kidul

Umum

Sejarah Karaton Surakarta Hadiningrat

Umum

Sultan Agungan Imogiri

Umum

Pajimatan Sultan Agungan Imogiri