Ir H Soekirman, Ini Katanya

Administrator - Rabu, 13 Mei 2026 22:40 WIB
Iat
Ir H SoekirmanI. Dhandhanggula Soekirman Bebrayan1.Gya pinilih sumitra kinasih, Perbaungan Insinyur Soekirman, Nem April tanggal lahire, Seket lima kang tahun, Pagarjati SD nglampahi, SMP Lubukpakam, STM sumambung, Fakultas ing Pertanian, Tatas titis dadya sarjana winasis, Tamat ing USU Medan. 2.Bu Marliah garwa prameswari, Searca Agung Nugroho putra, Panji Septo Cahyo kiye, Dimas Tri Aji katlu, Dipa Wicaksono tumuli, Ginanjaran kamulyan, Dene wragilipun, Prasetyo Feldafing nama, Panca siwi milangeni darma bakti, Bebrayan kautaman.II. Pangkur Soekirman Manembah1.Syariat miwah tarikat, Pak Soekirman lampah hakikat jati, Makrifat jroning manekung, Ngibadah ing panembah,Cipta muhung marang ingkang Maha Agung, Miturut sabda brahmana, Lelandhesan kitab suci. 2.Kapurwakan sholat Isyak, Barjamaah nuli ibadah wengi, Wanci esuk Subuh khusuk, Ing sanggar pamelengan, Banjur dhuhur dhumateng kang Maha Luhur, Lajeng Ashar trang sumunar, Kaping lima lajeng Magrib. 3.Kulakan ing pengajian, Dhateng Kyai ulama ngelmi mumpuni,Mungguh sagunging pituduh,Manah pasrah sumarah, Kang katuju sumuyud telenging kalbu, Menga ajaran agama, Manunggal kawula gusti.III.Gambuh Soekirman Momong1.Gembira siang dalu, Pak Soekirman bareng momong putu, Aneng kebun methik bayem jagung pari, Mesem guyu lucu lucu, Gesang dadi tambah kraos. 2.Seneng saba ing kebun,Macul ngarit ngasak dhangir matun, Pak Soekirman patuladhan among tani, LSM sami kayungyun,BITRA aktivis kesohor. 3.Garapan tekan tekun, Keh priyantun melu padha gumun, Olah tani Pak Soekirman pancen ahli, Nandur puhung pari jagung, Dhedhompolan agrom awoh. 4.Sabarang kang tinandur, Thukul subur bisa gawe makmur, Tegal sawah kebun Pak Soekirman ngudi, Jangkah gathuk langkah mathuk, Guyub rukun gotong royong. 5.Sugih ber bandha bandhu, Linambaran tata ngelmu laku, Pak Soekirman yekti sung tepa palupi, Bebrayan unggul pinunjul, Ayem tentrem lahir batos. IV. Pucung Sayuran Soekirman1.Sayur mayur ijo royo katon makmur, Tandang Pak Soekirman, Laras laris sarwa manis, Perkebunan dedalane kemakmuran.2.Tela puhung ing kebun tansah ngrembuyung, Sedhep yen sinawang, Pak Soekirman nenanduri, Pala wija pala pendhem trus ngrembaka. 3.Pala simpar pala mambang pala gandhul, Sakehing tanaman, Pak Soekirman analiti, Kacang loncang rimbang bawang pancen kondhang. 5.Lombok kencur timun lombok sing misuwur, Terong cipir bayam, Pak Kirman nandur kenikir, Gambas talas anjalari bagas waras. V. Mijil Bupati Soekirman1.Adipati Serdang Bedagai, Mubal muncar pamor, Kanugrahan hadiah Rancage, Insinyur Haji Soekirman ngesti, Adat Batak becik, Wuwus bagus alus. 2.Literasi pangarsi bupati, Alam alem alon, Haji Soekirman perbawa gedhe, Wignya peprentahan birokrasi, Cakap diplomasi, Cocok cakep cukup.VI. Megatruh Soekirman Ayom1.Pertanian organik panemu perlu, Yayasan Bitra mayungi, Ketrampilan tiyang dhusun, LSM mangka pembimbing, Lapisan sosial ngisor. 2.Sambang sambung sawang srawung lung tinulung, Jembar wiyar tanpa tepi, Soekirman ber bandha bandhu, Gita gati tur gemati, Pribadi kang ayem ayom.VIIAsamarandana Soekirman Seni1.Ngumandhang nalika nyanyi, Swara arum enak penak, Amimbuhi kajen kopen, Rerengganing pesta raja, Soekirman aweh hiburan, Rumaketing kekadanngan, Supeket mitra sedulur, Rinengga cipta budaya. 2.Lelagoning campursari, Tetembangan macapatan, Syair populer sing ngejreng, Apa dene gendhing kuna, Jamak limrah kanca muda,Padha seneng goyang ndangdut, Kanggo nggusah payah lelah.VIIIDurma Soekirman Sentosa1.Soekirman gumreget gumregut gumregah, Gagasan ageng inggil, Mardi gegayuhan, Pamrihe kasembadan, Tatag tutug titi patitis, Jangka kajangkah, Gemblenging pamarsudi. 2.Tekad kuat sumebar makantar kantar, Ngukir lenging pamikir, Cipta rasa karsa, Mbudidaya pramana, Pakarti pakerti pekerti, Mrih kasembadan, Nganti usaha kasil.IXSinom Cipta Soekirman 1.Saben tindak ngendi paran, Soekirman terus angudi, Karem thukulan tanaman, Sabisane nggawa wiji, Ing tembe dadi seksi, Sawusnya winih tumuwuh,Turta paring piguna, Kagem saranane urip, Dina benjang kalampahan padhang terang. 2.Awewarah putra wayah, Bisane sumerbak wangi, Kelancaran sesrawungan, Kembang kenanga melathi, Mimbuhi rasa asri, Angarurum ganda arum, Jumbuh aruh kagunan, Adi luhung edi peni, Pak Soekirman sukarena kaendahan.X. Kinanthi Soekirman Rahayu1.Marsudi suka rahayu, Soekirman ngenaki ati, Ulat patrap lan pangucap, Sumanak kedaling lathi, Grapyak penak jenak enak, Pasuryan sumeh memanis. 2.Soekirman unggul pinunjul, Rikat trengginas terampil, Duk nalika tandang karya, Sabarang gawe mrantasi, Jelas tuntas genep genah,Beres kures sami nampi.XIMaskumambang Pasuwitan Soekirman1.Purna karya sakeh pakaryan prayogi, Kagagas ing sakjroning tyas, Pak Soekirman mitayani, Minangka pangembat praja. Kadang mitra mastuti suka basuki, Jejering reh pasuwitan, Labuh labet mring negari, Darma bakti nusa bangsa. Batangterap Perbaungan, serdang Bedagai, Medan, Sumatera Utara. Rebo Kliwon, 13 Mei 2026.Purwadi

Sumber
:

Tag:
Ir

Berita Terkait

Umum

MIRA Hadir di Sumut, Siap Jadi Media Inspirasi dan Motivasi

Umum

Ketika Air Masih Jadi Halaman Belakang, Kota Air Indonesia Terus Tertinggal

Umum

Pikiran Rakyat Gandeng SPS Aceh Bangun Gedung Kegiatan Masyarakat untuk Korban Banjir Aceh Tamiang

Umum

Mirip Kasus Amsal Sitepu, Kasus Dugaan Korupsi Kominsa Simeulue Diduga Upaya Pembungkaman Terhadap Media

Umum

Ketua Umum JMSI Minta Polri Usut Dalang Serangan Air Keras terhadap Andrie Yunus

Umum

Erwin Putra Siregar Dilaporkan ke Polrestabes Medan Bawa Kabur Mobil Milik Pengusaha Papan Bunga