Sinuwun Tedhak Pengging1.DhandhanggulaTedhak Pengging Sinuwun peparing, Sunan Paku Buwono Patbelas, Sentana bage binage, Kemruyuk wanci esuk, Jumah Legi Agustus sasi, Pitu katiti tanggal, Tahune nem likur, Tata cara keyong emas,Gita gati apem sumawur ing bumi, Mimbuhi bagya mulya. 2.MijilSinuwun pangreksa tanah Jawi, Prebawa sang katong, Sagunging priyayi sepuh lare, Among tani tuhu mitayani, Subur nandur pari, Jagung tela pohung.3.PucungBagus alus Sinuwun busana besus, Ageman kaprajan, Edi peni merbawani, Kathah titah sung pepuji ngalab berkah.4.GambuhDarma bakti Sinuwun, Sami purun mahargya nenuwun,Jroning kapti antuk rahayu lestari, Praba suminaring ratu, Sumorot terang kewahyon.5.KinanthiTatanan sarwa tinuntun, Pewaris Kraton Mentawis,Kanjeng Sunan Surakarta, Abdi dalem anekseni,Sumuyut marang brahmana, Welas asih marang dasih.6.AsmarandanaMilang miling bumi Pengging, Prabu Kusuma Wicitra, Yasa dhatulaya gedhe, Kinclong kinclong tuk patirtan, Gemilang lampahing gesang,Niti piksa Jeng Sinuwun, Surakarta Hadiningrat.7.DurmaNglintir drajat pangkat semat dimen kuat,Pasuwitan negari, Kawula sentana, Sinuwun sung tuladha, Narapraja bupati mantri, Kawicaksanan, Pakaryan tambah becik.8.MegatruhSru gumuruh tan noleh baya pakewuh, Tindake Sri Narapati, Tumuju ing sumbere tuk, Toya Merbabu Merapi, Weh tentreming lahir batos.9.MaskumambangTirta Pengging gumarojog mili bening, Paku Buwono Patbelas, Cahyanira anelahi, Paring padhang jagad raya.10.PangkurPaku Buwono Patbelas, Mesu budi nulat lelakon kawuri, Ing Sangga Buwana Panggung, Mrih padhanging sasmita, Pra leluhur mangun cipta trus cinatur, Lumantar seratan sastra, Winaos ing tanah Pengging.11.SinomPujangga Yasadipura, Tedhak turun Jaka Tingkir, Bupati Handayaningrat, Pembayun sri prameswari, Kebo kenanga nenggih, Padmanegara satuhu, Pepundhen Surakarta, Kanjeng Sinuwun mastuti, Kawibawan kawidadan karaharjan.Jumah Legi, 7 Agustus 2026.
Purwadi