Babad Dr Alfiah M.Pd.1.GambuhKadang mitra nyengkuyung, Jeng Alfiah trus agung ngrembuyung Tamat titi saking pawiyatan tinggi, Dosen UPGRIS kang misuwur, Wusnya antuk gelar doktor.2.MaskumambangPembelajaran bahasa Jawa aglis, Berbasis proyek sinerat, Lumantaring disertasi, Doktor Alfiah lumampah.3.PangkurSumengka tlatah Magelang, Ing Semawis Alfiah gya lumaris, Bahu suku luru ngelmu, Sedyaning kautaman, Kang kadulu kang ingambu kang karungu, Mrih rampunge penulisan, Karya nama disertasi.4.Mijil Siyang ratri mulang basa Jawi, Sigrak lahir batos, Jroning kampus UPGRIS trus mergawe, Mulang mahasiswa mahasiswi, Murih gelis wasis, Alfiah mituhu.5.MegatruhTapa gentur budi luhur tur sempulur, Doktor Alfiah marsudi, Kabudayan adi luhung, Kesenian edi peni, Wusana kumencar awoh.6.DurmaJangkah langkah Doktor Alfiah angarah, Pindha Wara Srikandhi, Garwa Sang Arjuna, Satriya Madukara, Laras laris asung memanis, Myang manuhara, Satemah mulya mukti.7.AsmarandanaPakumpulan Ikadbudi, Gumregah Doktor Alfiah, Kaya melaathi rinonce, Angambar ganda sumekar, Saindhenging Jagad raya, Sumerbak wewangi arum, UPGRIS sangsaya kuncara.8.Kinanthi, Prof Sutrisna anenuntun, Prof Darmoko mangastuti, Alfiah nampi wewarah, Peningkatan akademik, Samangsane pertemuan, Ikadbudi konferensi.9.PucungGothak gathuk Prof Darmoko mesthi mathuk, Mring Doktor Alfiah, Amemetri basa Jawi, Para kadang nggegulang cara memulang.10.SinomPirantine genep genah, Pamulangan kampus UPGRIS,Rampunge Doktor Alfiah, Nyerat karya disertasi, Lulus tamate becik, Unggul kabul lan pinunjul, Tata laksana kuliah, Departemen basa Jawi, Wus kaonang sakjroning kutha Semarang.11.DhandhanggulaBagya mulya sampun purna gati, Doktor Alfiah gregah jumangkah, Perguruan kampus UNNES, Lulus bagus tur alus, Tata titi kanthi permati, UPGRIS mangayu bagya, Keplok dara muluk,Wibawa rena widada, Wus lestari pinanggih suka basuki, Nuli sugeng makarya. Oleh : Purwadi