Babad Kudus

Administrator - Rabu, 20 November 2024 12:20 WIB
Ilustrasi
Halomedan.com | Babad Kudus

Purwadi, FBSB UNY

1.Dhandhanggula

Suka sukur kagem ambal warsi, Panjang yuswa Mbak Nujumun Niswah,Tanggal patlikur Nopember, Wiyosan saking Kudus, Kang pinuji murah rejeki, Salira bagas waras, Mitra guyub rukun, Dosen tendik mahasiswa, Dha gemati sarana silaturahmi, Ginanjar bagya mulya.

2.Sinom

Tlatah kanggo patuladhan, Mekaring akulturasi, Agama miwah budaya, Lumampah maju lestari, Permana lan permati,Wejangan Jeng Sunan Kudus, Kukuh mbangun menara, Minulya adat kawuri,Tepa slira tumraping tradisi kuna.

3.Kinanthi

Sunan Kudus mbabar ngelmu, Murih tumangkar agami, Sinebut wulang syariat, Tarikat wedharan ping dwi, Kaping tri nyebat hakikat, Kapat makrifat sejati.

4.Gambuh

Ulama paring tuduh, Barang kawruh prayoga den weruh, Sunan Kudus tetungguling para Wali, Priyayi sami meguru,Mawi patrap andhap asor.

5.Pangkur

Raden Patah wus kaloka,Narendra binathara nyakrawati, Murid Kanjeng Sunan Kudus, Kraton Demak Bintara, Nyata baut panguwasa dharat laut, Sinengkuyung Wali Sanga, Muslimin ing tanah Jawi.

6.Pucung

Kutha Kudus wilayahe bagus alus, Wewarah ngrembaka, Wicaksana para Wali, Masyarakat ngrasuk ajaran manfaat.

7.Asmarandana

Akhlakul karimah becik, Rakyat gunung kutha desa, Sangu amal ibadahe,Pribadi warga sakbrayat, Slamet dunya lan akhirat, Miturut Jeng Sunan Kudus, Wulang wuruk kasampurnan.

8.Mijil

Tlatah Demak Purwodadi Pati, Jepara lor kulon, Rembang Blora Semarang cerake,Dununge pasinaon pra murid, Santri ngangsu ngelmi,Marang Sunan Kudus.

9.Durma

Among dagang Kutha Kudus pancen kondhang, Kemajuan industri, Tumangkar sumebar,Gemah ripah raharja, Sarjana winasis angudi, Arah sejarah, Maos tepa palupi,

10.Maskumambang

Kanjeng Sunan Kudus mbangun kutha santri, Wiwit jaman Kraton Demak, Tumuli Pajang Mentawis, Nganti Kraton Kartasura.

11.Megatruh

Kudus agung ayom ayem gya ngrembuyung, Sate kebo tanpa sapi, Kapitayan kang rumuhun,Tetepa moncer kang pamor.

Sumber
:

Tag:

Berita Terkait

Berita

BABAD WIYATA MADYA

Berita

Babad Brebes Bumiayu: Jejak Sejarah dan Kebudayaan

Berita

Babad Kotagedhe

Berita

Babad GKR WANDANSARI

Berita

BABAD PRABA WULAN

Berita

BABAD PAJIMATAN AMANGKURAT TEGALARUM