halomedan.com -Adityo Jatmiko
Wisuda1.PangkurAdityo Jatmiko wisuda, Ing Fakultas Filsafat pinilih, Gadjah Mada Bulaksumur, Kutha Ngayogyakarta, Sampun lulus kalampahan bagus alus, Purna gati pawiyatan, Ijazah enggal katampi.2.MijilWanci enjing padhang terang bening,Sumanar cumlorot, Sanak kadang teka gandheng renteng, Rerenggan apik busana becik, Tumata permati,Adityo rahayu.3.KinanthiTahun rong ewu selikur, Adityo Jatmiko wiwit, Kuliah ing Fakultas, Filsafat jurusan Jawi, Perguruan Gadjah Mada, Nut tataning akademik.4.AsmaradanaPMM Adityo manggih, Pertukaran mahasiswa, Kota Padang panggonane, Universitas Andalas, Mentawai dipun ambah, Kanggo nambah pengalaman, Sarana jembaring kawruh, Alam bumi nusantara.5.DurmaJangkah langkah Adityo Jatmiko ngarah, KKN kang katiti, Tlatah Jawa Barat, Kabupaten Kuningan, Olah sampah dipun lampahi, Bappeda suka, Penghargaan wigati.6.MegatruhKantor BPJS pusat dipun gayuh, Ing Ibukota Betawi, Sowan mring Direktur Umum, Pak Abdur Rahman Irsyadi, Adityo winejang raos.7.MaskumambangMahasiswa Gadjah Mada perlu aktif, Karawitan olahraga, HMI ngaji rokhani,Adit nyambung sesrawungan.8.GambuhBisane tanggap tanguh, Weruh bakti sosial tinempuh, Mring sesami Adityo kudu mangerti, Welas asih sinengkuyung, Mardi momong momor momot.9.Dhandhanggula Nalikane Adit nggarap skripsi, Wulangan Sunan Paku Buwana, Wira Iswara serate, Ngemot filsafat luhur, Pancasila dasar negari, Gancare pembimbingan, Dosen mangka guru, Tata titi garapan kanthi permati, Dumugi pendadaran. 10.Sinom Samengko ngudi pakaryan, Pamrihe urip mandiri,Dadiya jalma sembada,Mulat petung ekonomi, Jiwa raga pangaji, Adityo Jatmiko luru, Kehing papan gaweyan, Srana pangembang profesi, Tembe benjang gesange langkung cemerlang.11.PucungMatur nuwun Bapak Ibu sampun purun, Maringi pamuja, Anak kula nomer siji, Ing filsafat kawisuda mrih manfaat.Oleh: Purwadi