Pajimatan Sultan Agungan Imogiri

Administrator - Sabtu, 30 Mei 2026 12:20 WIB
Isy
halomedan.com - Pajimatan Sultan Agungan Imogiri1.DhandhanggulaUpacara narendra Mentawis, Pajimatan Imogiri sigra, Gumanti warana langse, Aling aling kelambu, Wastra mligi kagem narpati, Puncaking gunung Merak, Kanjeng Sultan Agung, Jatmika Nyakra Kusuma, Gya pinundhi pepundhening tanah Jawi, Mengkoni drajat pangkat. 2.PangkurDuta wusnya lumaksana, Adityo Jatmiko Faizal Rasyid, Kinen warana ingukur, Aneng Sultan Agungan, Nami Agus tukang jahit wus ingutus, Tuwan Rawang saking Jombang, Pasrah uba rampe titi. 3.Kinanthi Laju lumampah rahayu, Dinten Sabtu Pon pinanggih, Kraton dalem Surakarta, Ndherek Ratu Wandansari, Ganti larapan warana, Mawi tahlil takbir tahmid. 4.GambuhPriyayi tanggap tangguh, Pak Dekan Iskandar Yasin rawuh, Fakultas Teknik Sarwi kersa anitik, Sowan Pajimatan agung, Mrih antuk barokah yektos. 5.PucungTurut lurung langkung riyin mampir warung, Miwiti sarapan, Dhahar enak ngunjuk manis, Reh tenaga gagas pikir reka daya. 6.MegatruhPasang luwur donga pamuji sumawur, Ngalap berkah jroning kapti, Kasuwargan Sultan Agung, Tinata sagunging abdi, Pangajab gayuhan awoh. 7.MijilMawar kanthil kenanga melathi, Tata cara dandos, Angiringi wrana luwur langse, Unggul kabul sakehing pangesthi, Gandane mastuti, Dupane kumelun. 8.AsmarandanaPangangge busana Jawi, Priya blangkon bebet beskap, Putri kemben sanggul gelung kondhe, Umanjing Sultan Agungan, Masang langse genep genah, Lampah laku nut pituduh, Run tumurun nak tumanak.9.DurmaWilujengan ing pangangkah binerkahan, Uba rampe sesaji, Purna pemasangan, Langse luwur warana,Sanyata pakarti wigati, Laju laksita, Lilah lilih penggalih. 10.SinomPendherek Sultan Agungan, Kanjeng Ratu Batang riyin, Sunan Amangkurat Amral, Kanjeng Balitar Bupati, Dalang Panjang Mas bekti, Trah kraton Mataram luhur, Minulyeng jagad raya, Mberkahi wong tanah Jawi, Putra wayah prayogane ngarah arah. 11.MaskumambangPuja puji gusti bendara priyayi, Pelestari kabudayan, Mrih kokohing jatidiri, Saindhening nusantara. Pajimatan Imogiri,Purwadi

Sumber
:

Tag:

Berita Terkait

Info

Sultan Agungan Imogiri

Info

Purna Wiyata Siswa Pambiwara

Info

Ratu Shima Raja Kalingga