Prof Dr Rukiyati M.Hum1.DhandhangulaWinisuda Bu
Prof Rukiyati, Bagya mulya mangka Guru Besar, Kampus Ungu ing UNY, Wanci tahun nem likur, Tanggal rolas ing sasi Mei, Ngudhar mbabar wedharan, Kehing wulang wuruk,Momong sagung mahasiswa, Sarwa becik sanak kadang dosen tendik, Peguron Karangmalang. 2.PangkurMersudi bidang filsafat, Kontemplasi golong gilig refleksi,
Prof Rukiyati manekung, Tata cara ilmiah, Sistematis integral karana laku, Metodologi ingarah, Pemikiran komprehensif. 3.KinanthiPlato tokoh ahli filsuf, Aristoteles pamikir, Socrates sang jalma limpat,Mengkoni jagad sakalir, Madhangi alam pikiran, Mring
Profesor Rukiyati. 4.PucungSiang dalu
Prof Rukiyati andulu, Wejangan wewarah, Saking kakang mbakyu adhi,Ibu bapak genep jangkep pepak jenak.5.GambuhTanggap tangguh tumuwuh, Kulawarga nuting para sepuh, Filosofi Bu
Profesor Rukiyati, Sareng garwa putra putu, Tekad gembleng condhong raos. 6.MaskumambangLogika etika estetika yekti,
Prof Rukiyati nggegulang, Jangka jinangkah patitis, Tumuli awoh kawulyan. 7.AsmarandanaCipta rasa karsa nenggih, Sakjroning falsafah Jawa,
Prof Rukiyati nggatekke,
Prof Damardjati Supadjar, Nalika ngesthi kawignyan, Fak Filsafat Bulaksumur, Perguruan Gadjah Mada. 8.MegatruhNgangsu ngelmu linambaran temen temu, Sarjana ing strata siji, Lajeng magister rumuhun, Bu
Profesor Rukiyati, Dugi nempuh program doktor. 9.MijilDedalane warni sewu margi, Rukiyati
Profesor, Gumregah gumregut tekad gedhe, Betah lara lapa tahan uji, Pepalang sumingkir,Budi teguh hayu. 10.DurmaJangkah langkah ngarah arah antuk berkah,
Prof Rukiyati ngudi, Pamuji pandonga, Rekadaya pakaryan, Jumbuh tunggal pakarti lathi, Karya mirasa, Selaras guru murid. 11.SinomKarangmalang trus ngumandhang, Guru Besar Rukiyati, Ing pidato pengukuhan, Sineksenan dosen tendik, Rektor sinartan wakil, Dekan pangarsa direktur, Tumangkar gya ngrembaka, Mangambar sumerbak wangi, Bakti darma kemajuan nusa bangsa. Selasa Wage, 12 Mei 2026,Purwadi