Pesanggrahan Deles Kraton Surakarta

Administrator - Minggu, 26 April 2026 14:38 WIB
Ist
halomedan.com -Pesanggrahan Deles Kraton SurakartaDhandhanggulaPesanggrahan Deles laris manis, Kagungan Karaton Surakarta, Perenging Merapi Klaten, Paripurna binangun, Edi peni puncaking ardi,Kinarya pawiwahan, Priyagung linangkung, Abdi kawula Pakasa, Amemetri warisan murih lestari, Pepak kebak nugraha. 2.PangkurJoglo limasan tinata, Jajar jajar pacak baris lumaris, Penak jenak adhem edhum, Siliring samirana, Hawa gunung pang pang wit witan ngrembuyung, Seger sumyah suka bungah, Pesanggrahan Deles adi. 3.PucungSagah saguh warga Pakasa gumuruh, Saraya rumeksa, Setya sagunging pakarti, Pesanggrahan Deles cihna kawibawan. 4.GambuhWola wali wewangsul, Gya sumusul pinanggih pinunjul, Sentana pangarsa asung bulu bekti, Kabudayan adi luhung, Jumbuh wedharan kedhaton. 5.KinanthiYuswa panjang tatag tutug, Pesanggrahan Deles merti, Minangka dadi sarana, Manunggal kawula Gusti, Surakarta Hadiningrat, Pepundhening tanah Jawi. Kemis Pos, 16 April 2026.Purwadi

Sumber
:

Tag:

Berita Terkait